
Wis nglakoni sesuwen-suwen
ora degawe susah bae wis biasa susah
arep latian priatin
ya kawit kuna wis priatin
aja degawe rekasa
ya wis rekasa kawit kuna
kader inyong tah wis biasa urip sepangan-pangan
ora prelu ngangsa
jere kaki nini
ana dina ana pangan
gelem ongkek insyaallah nyekek
sapa nandur bakal ngundhuh
sapa gelem bakal isel
deakeh sukure
nrima ing pandum
mungguh urip ora gemrungsung
eling lan ndedhepe maring gusti
pasrah lan andhap asor
aja kumudu-kudu ora gelem kasor
kahanan agi tumpang jempalit
wong gedhe wong cilik padha dene kebirit-birit
balapan ora banter
alon kedhamak-kedhimik
begja ora kurang marga
cilaka teka ora bisa degliga
06022021