Semar, Gareng, karo Petruk plesir, landa-landahan, maring Jakarta. Nginep neng hotel keduman kamar neng lantai 36. Sore kuwe bar dolan kesampak, Bali Maring hotel, ndilalahe lifte mati. Gelem ora gelem, kudu mlaku munggah manual liwat tangga darurat.
Supayane ora krasa kesel, njur sepakat disambi kandhah. Lantai 1-12 Rama Semar crita sing lucu. Lantai 13-24, Gareng crita sing horor. Lantai 24-36, Petruk crita sing nlangsani.
Alon-alon wong telu munggah. Tekan lantai 12 ngguyu kepingkel-pingkel, ngasi Gareng meh kepoyuh. Bar kue nggari Gareng crita sewernane medi, ngasi swarane sikil kaya gendurwo liwat. Tekan lantai 24, drawesan kringet adhem. Wedi campur kesel.
Gari jatahe Petruk crita. “Kiye crita sing nlangsani pisan..” Petruk meneng, Kayong menghayati critane.
“Wis ora papa, crita Bae..” Semar nylathu.
“Bener yaa, Rika ora papa..”
“Wis gagiyan koh, meh tekan lantai 40..” Gareng ora sranta.
Kabeh meneng..
“Dadi kaya kiye,” Petruk unjal ambekan, “Kunci kamare keri neng mobil..”
“Deneng ora crita Kawit mau?” Gareng kesuh Karo Madan nlangsa.
“Mbok durung bagian critane Inyong..” Petruk semaur.
Madan sewot Ning kepriwe maning. Akhire Petruk Karo Gareng mudhun maning njiot kunci kamar sing keri neng mobil. Rama Semar ora Melu. Melas wis sepuh.
Tekan parkiran gari Gareng ngomong Maring Petruk. _”Truk, Inyong arep crita sing medeni nemen..”
“Medeni kepriwe?” Petruk semaur.
“Kunci mobile neng sake Rama Semar..” Gareng nglemporok..
(Rangga Sujali)