Rika wis tau ketemu medi utawa diwedeni? Inyong Tah urung. Kayane medine malah gigu mbuh kamigilanen angger weruh Inyong.
Medi uga ngalami metamorfosa lan akulturasi budaya. Gyeh.. Angel mbok rembugane.
Jaman cilikanne Inyong ana medi bujungan, kasur raga, kunthi, gendurwo, Wewe kalong, Kelong, banaspati, kemangmang, ondar-andir, cumplung, lan liya-liyane. Kuwe jenis medi neng Ajibarang. Neng Liya desa, biasane beda aran, senajan wujude “ndean” padha.
Medi dadi mitos, sing ngasi siki Jane ya Inyong kepengin weruh wujud nyatane. Aja mung adol jere kulak ndean.
Bujungan, utawa pocong, angger neng tivi mlakune cunil-cunil. Kayane ya ora kaya kue. Gendurwo sing jere gedhe dhuwur, lumuten, matane abang, ya ora unggal. Ndilalahe ana gendurwo sing esih bayi, madan lucu, cemiwit. Wewe kalong utawa lampor, jere wujude ndhas karo ususe modhol-modhol. Ondar-andir, utawa lur-kethaplek, jere aja ngasi dilangkahi. Banaspati lan kemangmang wujude geni kaya obor mlaku. Neng liya desa ana sing ngarani lampor. Medi sing madan kecing wujud medi kasur raga. Metune rombongan. Angger medi kiye liwat, aja diaruh-aruhi. Mbok degawa.
Sing madan lucu ndean medi cumplung utawa glundhung-pringis. Jere wujude ndhas thok, glandang-glindhing nyrimpedi sikil. Didhupak mringis, diuyuhi mringis. Dia bahagia dan selalu mringis. Kaya kunthi sing kecrita selalu tertawa.
Nyong ngandel-ora ngandel. Sebab Akeh sing jere wis weruh. Ning kuwe kayane bab eksistensi sing wujud. Siki medine dadi artis, artise dadi medi.
Urusan lanang wadone ya ana sing genah ana sing ora. Angger kunthi, genah wadon. Jere ana merga penderitaan. Wong wadon sing mati nglairna, korban tabrakan, utawa KDRT. Liyane ora genah. Thuyul, gendurwo, cumplung, ora teridentifikasi jenis kelamine. Ndean siki ana medi homo utawa medi lesbi. Jajal ngesuk angger Rika ketemu, kon nudhuhna KTH (Kartu Tanda Hantu). Supaya Rika ngerti alamat, agama, jenis kelamin, lan umure.
Bab jere ana wong sing indigo, ya nganah. Nyong tetep ora ngandel. Visualisasi hasil ilusi lan memori sing kesimpen neng utek kuwe sing metu lan kegambar.
Nyong ora prelu wedi, merga Inyong lewih medeni.
Penulis: Rangga Sujali