Mbuh kepriwe sujarah asal usule anane kondangan nganti tekan ayawene nalikane ana sedulur kanca batir nduweni hajat rupane nyunati lan nikahan sing dejenengi mbaranggawe .
Jenenge baen mbaranggawe sekang tembung sembarang lan degawe .Dadi anu kedadian sing sengaja degawe kanggo ngumpulnya sedulur kanca batir lan tangga melu nyekseni slametan utawa syukurane wektu due gawe.
Cara kuna wong mbaranggawe kue ana indange bocah milenial ngaranine dudu indang ning psikologis. Ora mung sing duwe gawe sing dadi robah sekabeane .Umaeh ndandak delabur utawa decet.latar lan seubenge dereseki lan dedandani merga arep ketekan tamu akeh pada ngendong kondangan.
Uga sing rewang lan sing kondangan.Sing miki ora nana deanakna anakna .Klambine lan Katoke sing deenggo mandan beda karo biasane pada nganggo sing apik apik .Ora keri anggon anggone yang biasane desimpen Ning lemari detekno.
Ora tau taune wingi esuk Yu Narti wis dandan keton kinclong pisan biasane esuk esuk nesih rewad rewod mbuh arep ana acara apa .
Keton mloes gari gari anggon anggon .Klambi tas sepatu dedeleng mecing pisan kaya artiz mengkonon .Gari dandan kaya neng salon angger desawang kaya dudu Yu Narti.
Wis dadi anglehe wong wadon angger neng umah kadang kadang dandan akehe apa anane rewad rewod klambi apa daster sowek be deenggo . Rambute morak marik awud awudan desawang ora petha nggramet.
Jere Rhoma Irama wong.wadon dadi paes paese dunya (perhiasan dunia) deneng angger neng umah kayong ora kepenak desawang borro dandan pupuran be embuh .
“Ujar ujare wong wadon tok.Wong Lanang be iya koh ndadaksara dakwen.Lah wong Lanang be angger ning kederan nganggo klambi katok janjian anu bodol padha sowek nesih deenggo” Yu Narti nyemes omongane Ratno Kribo.
Omongane Yu Narti ana benere.Nyatane wong Lanang angger neng umah ya kemproh . Ningapa sing deomong wong wadon tok. Biasane rambute tiwal tiwul ora nganggo minyak rambut babar blas ora sisiran .Angger desawang rambute kaya susuh manuk sing wis mua .Modal madil ora nggenah .
Mulane ora Lanang ora Wadon ora sudah pada poyok-poyokan wadah-wadanan .Lan aja depaido apa degunjengi kayane ora sapa lan nend endi baen ora adoh lan langka bedane .
Wong barang apik malah dadi perkara.Iloken nganggo barang resik rapi iloken salah , Ora mbok.Apa patut kondangan nganggo anggon anggon janjian nden ndarani wong nduweni ati lan rasa.Wong koh ora ndueni tata krama babar blas.
Kondangan toli sekang tembung Kon ..dangana .Dadi Inyong rika kabeh ora kue sedulur kanca batir melu ngrewangi lan gringana sing mbaranggawe kelawan nyumbang miturut kemampuan .Ana sing rupa duit tenaga lan pikiran nggo ngenteng ngentengna bebsne sing due hajat.
Kang Mul – Karangnangka 21 Januari 2021