Pancurrendang mangsa ketelu sawahe madan angel babagan banyu. Mula angger mangsan terang, paling nggo tegalan boled utawa budin. Ana sawijining pekulen sing biasane nggo tanggapan kethoprak.
Umah potong gudang, rangken lan pagere kabeh sekang pring. Mula banjur diarani tobong. Urutane sekang ngarep ana loket sing nggo nglayani karcis penonton. Banjur ana bangku dawa sing digawe sekang pring tali glondhongan jejer papat dawane watara telung meter. Ana lurung neng tengah sing banjur ngarep, sabrange penonton ana panggung.
Panggung sing jane angger awan ora petha-nggramet, ning bareng wengi bisa dadi alas gung, umah demang, utawa istanane raja, merga dekorasi lan geber digambar nggo layar gulung neng mburine. Lighting utamane nganggo petromak karo blencong.
Inyong pindho ping telu dejak Mbah Putri nonton neng kana. Emut-emut lali kethoprak Babad Kamandaka. Jaman semana urung ana tivi. Anaha ya mung neng pendhapa kawedanan sing kudu mlaku watarane telung kilo. Ning inyong esih kemutan critane.
Sawijining dina Prabu Siliwangi nimbali Putra Mahkotane, Banyak Catra karo Banyak Blabur. Sing neng kana banjur kelorone didhapuk kon nerusaken dadi Raja Pajajaran merga Bagindha Raja wis sepuh. Ning Banyak Catra sing dadi anak mbarep ora gelem, merga mature durung cukup ngelmune lan uga durung duwe bojo. Salah sijine syarat dadi raja kudu duwe prameswari. Ingmangka Banyak Catra agi kepengin garwa prameswari sing peraupane memper biyunge.
Banyak Catra banjur laku ngumbara sing prenahe maring ngetan. Ngasi tumekan neng Kadipaten Pasir Luhur. Gancaring crita, Banyak Catra banjur depupuh neng Patih Reksanata, sing banjur olih aran anyar dadi Raden Kamandaka.
Adipati Pasir Luhur nalika semana Adipati Kanandaha. Duwe anak wadon bontot ayu, arane Dewi Ciptarasa. Sing kiye kebeneran peraupane memper biyunge Raden Kamandaka. Falling in love. Ning critane dadi kedawan angger deterusna.
Emut-emut lali, ning inyong seneng pisan, merga kuwe hiburan sing paling apik. Ana dramane, ana konflike, ana asmarane. Apa maning angger pas ugeng gelut, pating jempalit apik pisan.
Ning kuwe ganu. Jaman nggawa kahanan, jaman uga sing nggawa kabudayan. Siki kethoprake ganti sinetron, sing ora genah mambrah-mambrah alur ceritane. Mung ngetut rating tivine. Sinetron sing mung adol gaya hedonis pamer dunya. Meh langka piwulang becik babagan urip sing bener.
Jaman instan nggeser meh kabeh kesenian tradisional. Gendhingan, wayangan, kethoprak, lan seni liyane sing biasane interaktif lan pemaine akeh banjur meh ora payu. Timbang nanggap kethoprak, nayaga karo wayange meh sewidak, ragade kudu semana, lewih seneng nanggap orjen tunggal. Rongewu mangatus bidhuane telu, tembangane tali kutang utawa koploan. Seneng ning ora eling.
Rika arep nanggap apa? Ebeg watarane limang juta, lengger utawa ronggeng watara pitu setengah juta, kethoprak limolas juta, wayang lawean punjul. Kuwe durung mikir repot uba-rampene.
Mula kethoprak tobong mung gari sejarah neng Banyumas. Rika wis tau nonton? Jajal anake rika dicritani..
(Rangga Sujali)