Inyong tek ngomong sepethil babagan istilah “ngapak” ya.
Ndéan ana sing wis ngerti ana sing urung. Mung kayané kiyé pancén kudu disampékna. Bén sing wis ngerti bisa awéh masukan mbok sing tek sampékna ana sing keléru. Lan sing urung ngerti bisa dadi ngerti, uga bisa milih sikap sewisé maca tulisan kiyé arep kepriwé.
Dadi kaya kiyé…
Siji sing kudu dipahami, déné istilah ngapak ora kabéhan wong gelem nganggo. Merga kuwé pancén dudu istilah sing nduweni sifat universal, utawa wis disepakati neng kabéhan.
Sing tek ngerténi, lairé istilah ngapak yakuwé sekang écéan utawa olok-olokané “wong wétan” nggo nyebut carané wong kéné sing angger ngomong lugas lan apa anané.
Sing demaksud apa anané yakuwé tulisane A diwaca A, ora dadi O. Akhiran K tetep diwaca ana K né, ora diilangna.
Wong wétan ngucap “ménék wit” huruf K né mandan diilangna, dadi méné’ wit. Angger neng kéné ora, huruf K tetep diucapna lugas dadi ménéK wit.
Plekara kuwé baginé wong wétan lucu, mulané banjur ana peng-idéntifikasi-an semi-semi lédékan kayadéné istilah ngapak mau.
Wong sing pada nolak istilah ngapak milih ora nganggo. Merga kuduné angger rika diécé ora malah seneng, kuduné ora trima. Eksprési ora trimané yakuwé ora gelem nganggo istilah kuwé.
Ndéan istilah ngapak kiyé mandan mirip kaya wong Malaysia angger ngécéni wong-wong TKI kéné karo sebutan indon.
Rika takon dhéwék baé sih nganah, wong TKI kéné angger disebut indon neng Malaysia tolih pada kesuh, tersinggung, ora malah seneng. Mulané kaitané karo istilah ngapak mau, penganut non-ngapak pada héran, wong lagi diécéni koh malah padha seneng lan dinggo neng ngendi ora sih kepriwé?
Lha banjur wingi ana sing takon maring inyong: “Rika dhéwék sikapé kepriwé nggo plekara kiyé?”
Jujur baé inyong dhéwék kelebu wong sing ora gelem nganggo istilah ngapak. Merga pertimbangan mau.
Neng kana-kana angger ana sing ngarani inyong wong ngapak mesti tek semauri. “Ngapak kuwé oranana. Inyong dudu wong ngapak, inyong wong penginyongan, Banyumasan.”
Ning sepisan mening kiyé pilihan sing tek anut lho ya, angger rika ana sing tetep nganggo, ya mangga mawon.
Point utamané yakuwé dhéwék kudu tetep tresna lan hora ngrasa isin nganggo basa biyung.
Lan sing paling penting, karo sepadha-padha kudu tetep rukun lan dadi sedulur.
Cukup semana baé. Kupat disiram santen. Sedaya lepat nyuwun ngapunten.
Rahayu,
Klilan,,,