INDIE BANYUMAS
  • Beranda
  • Indie Report
    • Banyumas Raya
      • Banjarnegara
      • Banyumas
      • Cilacap
      • Purbalingga
      • Kebumen
      • Khas Banyumasan
        • Juguran Banyumasan
        • Senthong Budaya
    • Nasional
      • Jateng
      • Semarang
    • Kebangsaan
  • Opini
    • Ekonomi
      • Info Finance
    • Hukum
    • Kesehatan
    • Pendidikan
    • Politik
  • Indie Sport
  • Indie Happy
    • Kata-kata
    • Musik
    • Sastra
    • Selebriti
    • Sinema
    • Wisata
    • Teknologi
  • Indiegrafis
Tidak ada hasil
Lihat semua hasil
INDIE BANYUMAS
Tidak ada hasil
Lihat semua hasil
INDIE BANYUMAS

Kobongan Prekara


Notice: Trying to access array offset on value of type bool in /home/tame4936/public_html/indiebanyumas.com/wp-content/themes/jnews/class/Image/ImageNormalLoad.php on line 70

Notice: Trying to access array offset on value of type bool in /home/tame4936/public_html/indiebanyumas.com/wp-content/themes/jnews/class/Image/ImageNormalLoad.php on line 73
Kamis, 1 April 2021
Juguran Banyumasan, Khas Banyumasan

Kocap crita nang tlatah sing deileni kali, 

thok… thok… thok… Ooooooonggg

Siji jagat pitu sap wolu njuru netrane maruta

Siji awak zelem babahan hawa sanga 

Papat sedulur papat lima kalima pancer 

Hoooongggg…. 

Jagat karo menungsa, menungsa karo jagat dadi padhang jagate

Thok… Thok… Thok… 

Kulanuwun Ki? 

Mangga… gari mlebu bae ora ana lawange ikih pokoke patlikur jam e,  ana maling ya sing arep dejiot apa? Ana apa-apa be hora… 

Ki rika sih lagi ngapa derungok-rungokna pas inyong liwat mburi umah, anu krungu swara nggromed dhewek. Dadi ya sisan bae mampir nang gubug rika.

Kiye ngeneh njagong jejere inyong, nganah njiot jengkok sit karo gawe wedhang kopi dhewek, sebombonge bae nang kene anggep bae kaya umaeh ko dhewek ora usah isin, madhang ya seanane gari nyiduk segane, lawueh ya seanane, dewareg gole mbadoge tur deenthongna aja mubah 

Iya Ki gampang ngkoan anu bar madhang esih wareg… 

Klothak grokkk… (njagong nang jengkok) 

Dadi kaya kiye Ki? 

Hob wis hora usah crita, inyong wis ngerti sing arep ko gendu rasa maring inyong… 

Sing anteng meneng… Rungokna debenjet ya kupinge ko sing akeh goboge… sepisan maning ya rungokna mlebu kuping tengen kiwe ben telere metu skalian, kurang marem ndasmu miring leboni banyu setitik terus nek wis gari ntrog – ntrogan nggejol mlumpat endhep, kaya tes nglangi kelebon banyu kae lah. 

Ko karo inyong kuwe bedane mung inyong huwis tuwa siki umure akeh mbuh pira  tur tau enom, angger ko huwis tau enom ningen durung menangi tuwa ningen ya Ko kiye wis kaplak kudu temua… 

Kuncine ya deeling nembang nembung

Nganggo basane rasa ati dhewek sing lewih kepenak dadi ora kakehen ragad nggoleti basa sing ko nggromed ningen hora krenteg nang rasa atimu dhewek, 

Kobongan kuwe sing degolet udu sepira ambane geni gole mrembet , ningen sing kudu degolet ya titik genine sing marakna geni kuwe dadi mrembet maring ngendi – ngendi. 

Mudeng mbokan mangsude? 

Lamona pedhot uteke semaure paling 

Angger kuwe sih iya… 

Prekara kuwe kudu dedeleng, derungokna karo dewaca, kedadeane sing ana ndunya kiye, apa iya angger duwe prekara cilik karo gedhe sing degolet kuwe sing babagan gedhe sit? Mbok ya sing cilik sit, wong merga kuwe akare prekara… ya kudu deadepi sing tatag, atine sing aso jembar pokoke dawa ususe ben ora nguwang rasa, wong sing jenenge utek pinter karo sejatine rasa ya bakalan moncer kuwe sing sejatine rasa, 

Prekara apa sih Ki? 

Ya akeh banget ora etung… kuwe merga menungsane dewek sing salah kaprah, terus neng babagan wujud jenggirate 

Prekara kaya geni mau, gole sinau ngrampungna ya degoleti akar prekarane udu srambah uyaeh ngko mbokan nggawe awake dungkar, uteke kemebul… 

Arane akar prekara ngger huwis kelithongan tolih ya teyeng sirep sing mambrah-mambrah kuwe… 

Angel ya angel ningen kudu gelem ora gelem nganggo rasa karo kudu lerep pisan banget nin pol il ben ora lebsekontalundung 

Selat suwe rika sih ngomong apa Ki? 

Pikir dewek… mudeng ora mudeng kuwe utekmu karo atimu sing teyeng gandeng apa hora nggo wedarna prekara 

Bong obong… obong… obong…

Prekara Oh prekara dadi bumbune ginau urip dadi menungsa 

sing gedhe ya decilikna 

sing cilik ya decilikna maning  aja degedhekna 

Pancen abot ngger depikir 

Ana prekara ana kleang

Ngerti mbok kleang kuwe apa? 

Kleang kuwe duwit. 

Ana kleang ana prekara pokoke wolak-walik wis kewaca

Apa maning sing wis puluan taun lerep maning mergane ana kleang nol e akeh ngasi pitik, wolon, zelem, ya mbok sing wis nang tangan, cangkeme ora gelem muni, tangane ora nulis pokoke kaya kuwe terus gole muter, 

Wayaeh… Wayaeh… Wayaeh 

Wis kudu ana sing bener-bener tatag wani ngrampungna sing ora ndunya kleang thok,  kobongane dadi sirep 

Wis kaya kuwe thok apa Ki? 

Njih.

Klilan

Rahayu Sagung Dumadi 🙏

Penulis: Ki Agung Wicaksono (Dalang Jemblung)

Sebelumnya

Pesawat Citilink Sudah Mendarat di Bandara JBS Purbalingga, Begini Rencananya

Selanjutnya

Hari Kedua Vaksinasi Lansia di Purwokerto: Kuota Vaksin Habis Jam 09.00, Warga Masih Berdatangan

Tags: desain purwokerto, jasa desain purwokerto, jasa desain grafis purwokerto, jasa desain banner purwokerto, jasa desain logo purwokerto, kursus desain grafis purwokerto, kursus desain purwokerto, kursus desain murah di purwokerto, desain web purwokerto, desain website purwokerto, jasa desain website purwokerto, foto 360 Purwokerto, virtual tour purwokerto, jasa admin medsos purwokerto, jasa smo purwokerto, jasa seo purwokerto, jasa medsos purwokerto, jasa pemasaran online purwokerto, jasa, digital marketing purwokerto, digital content markerting, jasa video purwokerto, medsos purwokerto
Selanjutnya

Hari Kedua Vaksinasi Lansia di Purwokerto: Kuota Vaksin Habis Jam 09.00, Warga Masih Berdatangan

Saka Keadilan Tambah Skuad Baru, Kini Punya 20 Lawyer dan 20 Paralegal 

Tentang Kami / Redaksi
Pedoman Media Siber / Independensi & Donasi

© 2021 indiebanyumas.com

Tentang Kami / Redaksi / Pedoman Media Siber / Independensi & Donasi

© 2021 indiebanyumas.com
Tidak ada hasil
Lihat semua hasil
  • Beranda
  • Banyumas Transportasi
  • Blog
  • Independensi & Donasi
  • Indiegrafis
  • Kebijakan Privasi
  • Pedoman Media Siber
  • Redaksi
  • Tentang Kami

© 2021 indiebanyumas.com