
Ratno Kribo mung nglegeg kaya kepoh ning pedhangan ,persis kaya wong desigeg .Pikirane ngelun kaya kukus rokok kabur kegawa angin mbuh maring ngendi enggone, ilang ora nggenah bekase.
Wong urip kabeh ning alam dunya mung duwe kekarepan.Ora kue bocah tekan wong tua kabeh nduwe kekarepan mung sing dekarepna ora pas karo sing deimpekna.
Ora nana menungsa urip ning alam dungan kepengin urip rekasa lan sengsara. Kabeh-kabeh nduwene kepenginan urip Mulya kepenak cukup sandang pangan lan papan .
Kue wis dadi pakeme menungsa ning baen.Ora wong gunung ora wong kota .Ora wong sing sekolah endep nganti kuliah ning perguruan tinggi enggane bisa aja ngasih Urip sengsara.
Mung besanu kekarepane menungsa umpamane kelakon utawa keleksanan ora mandeg.Wis duwe barang apik ana sing apik maning ya kepengin tuku lan ganti sing anyar maning.
Urung nduwe montor kepengin nduwe , bareng kesembadan kepengin montor sing model anyar lan regane lewih larang.
Wis duwe montor munggah maning nduwe kekarepan kepengin mobil merga angger lunga lunga bisa sekeluarga melu kabeh.ora kudanen wayah udan lan lewih praktis.
Kue ora sapa baen ora Inyong ora rika kabeh nglakoni . Dadi ora usah cang cung maring liane.Mandan ndeleng githoke dewek sing ngapa .Sing jelas ndeleng githok ora bakal bisa. Ora percaya dejajal baen .Angger bisa jagoan temenanan Lha kue toli basa paraban.
Sing demangsud ngeleng githoke dewek kue aja cokan ngodeki nduweke wong lian.Ngasih kelalen ora introspeksi awake dewek .Aja mung metani liane krono srei,dengki,iri lan saoanunggalane .
Mulane ana wong tua Jawa kuna aweh wewaker lan pitutur maring anak putune kelawan basa paribasan utawa paraban yakue tembung “Gunung Tanpo Tutigan” kanggo ngambarna kekarepene menungsa nesih urip sing ora nana rampunge .
Menungsa tembe rampung kekarepane angger wis ilang ambekane utawa nyawane wis pisah karo ragane sing dejenengi mati .Pol ilang kabeh sekabehane kepenginan lan kekarepan.
Karangnangka 25 September 2020