Rangga Sujali
Cilik neng desa sing akeh kurange. Sandang wujud klambi, kathok, srandal, sepatu, seanane, seperlune. Ditukokna paling ngepasi bada Utawa unggah-unggahan kelas. Mawi ngomong brand utawa merek, merga ana bae wis sukur.
Semana uga urusan pangan. Esuk sarapan karo bakwan, krupuk, utawa comro bae wis seneng. Sing penting wis ketemu sega. Ora ketang segane pera, beras jatah PNS.
Mawi mikir bab pemenuhan gizi standar, merga ora kongang tuku susu. Nemu daging angger ana sing mbaranggawe utawa pas bada kurban. Dina liyane paling seminggu sepisan biyunge ndadar ndhog ayam goli njiot neng petarangan. Jangan utawa tegean, ijoane met neng kebon, paling biyunge tuku uyah, trasi, bawang, brambang
Cilikane nggragas. Jambu wer, blimbing, jambu kluthuk, pakel, rambutan, salak, dhondhong, ana neng kebon, mbuh wite sapa. Weteng kencot, ora mikir dosa. Kader nggo dipangan ikih. Higenis? Blas ora mikir tekan nganah, srebedi nganggo pucuk klambi gari diplok.
Cilik neng desa apa anane. Sing seneng sing gedhe awake. Sinau dadi begal alusan. Bubar sekolah ganti klambi, madhang seanane, sebret metu dolan. Apa mangsane. Mangsan jangkrik, ngalani jangkrik neng Pondok Gandu, galengane pating plethak mesti akeh jangkrik jlabrang sing rosa monine. Mangsan layangan, njaluk pring sedhetan nggone Man Citun, tuku kertas genyol, gawe layangan.
Woh-wohan neng ndesa ora tau lat, utamane salak kebon lor. Ana sing getap angger kon met, ana sing kon ngimpleng mbok sing duwe weruh, ana sing mung dadi begal, angger wis olih salake. Modale awak gedhe karo madan plak-plek. Sing nggo piandel mung, “Ora nei tek omongna. Yakin..”
Begal alusan kiye sing jebul kawit cilik tekan seprene dadi piandele. Tuane kae bocah mung glaha-glehe. Aktif neng organisasi kampus, tekan luluse esih sregep neng organisasi. Pegaweane mbuh apa, ning nyatane dedeg-pengadege maen. Modhale mung, “Ora nei Tek omongna. Yakin!”