![]()
Medang kopi kurang gula
Gula pasir decucuk dhara
Dina siki dina bada
Mbuka ati padha ngapura
Numpak sepur kon sangu sega
Sega dedhahar lawuhe bakmi
Inyong matur makili warga
Supaya ikrar silaturami
Gawa sarung nggo bengkungan
Murug kecap pating clenah
Brayan srawung neng lingkungan
Salah ucap salah tingkah
Gawa gantar keri neng dalan
Dalan sepedha lidhig puteran
Padha ikrar maaf maafan
Neng dina bada padha pur-puran
Dina slasa ngunjal babiran
Njukut neng dherik sangu jajanan
Wingi puasa mbengi takbiran
Siki Sholat id padha lebaran
Kluban sladha sega saban
Sega liwet berase jimpitan
Najan bada ora salaman
Ati mantep pasrah keluputan
Meme klasa pinggir umah
Nginum obat penyakite kalah
Akeh dosa ayuh pasrah
Padha tobat maring gusti Allah
12052021
Wanto Tirta