Aja deanggep remeh. Rika ngerti penduduk Banyumas siki pira? 1,8 juta jiwa kuwe taun 2020. Siki ya nden wis tambah maning, wong saben dina ana wong babaran.
Mbangkane wong siji unggal dina ngruntah rata-rata 0,5-0,8 kg. Jajal deetung. Mbok wis 750 ton runtah sedina. Akeh ya.. Kuwe ana bosok, ana sing teyeng deolah maning, lan ana sing wanteg. Butuh wektu atusan taun supaya lapuk.
Lha rika angger mbuang runtah neng ngendi? Aja janji ber. Angger inyong tah anu wis madan kulina. Ngruntah neng dalan ya suka dekantongi, degawa bali, utawa debuang mengko angger ketemu tong runtah. Kayane anake inyong ya wis madan kaya kuwe. Mulane neng mobil cokan pating srumpel runtah jajanan.
Sing ora lumrah mbosanu kayane ora ngrasa salah, mbuang runtah neng kali. Angger mung godhongan sih mendhing. Pempers, styrofoam, pembalut wanita, kasur, botol inuman, lan barang sing wis ora kanggo, pating krampul neng kali.
Kaline banjir, kabeh kegawa. Angger ana bendungan, runtahe ngumpul neng kono. Bablas ya maring segara. Muara lan pantaine dadi nggon parkiran runtah.
Urung maning limbah padat lan limbah cair. Sekang pabrik lan peternakan lan industri liyane. Kabeh kudu detampani neng lemah. Ancur mbok?
Mengko suwe-suwe rika thangkring neng nduwur runtah. Mula mayuh njajal nggagas. Milah-milih sekang ngumah. Ndi runtah sing teyeng bosok, ndi sing ora. Depisah nggone mbuang.
Dinase kepriwe? Ya ngurusi. Ning mung ora lewih sekang 10% runtahe rika padha. Sing neng kota thok. Sing neng desa ya ora keurus. Arepa ngurus ya kudu karo anggaran. Ngetokna anggaran kudu nganggo kontrak. Neng kono uga kudu nganggo rekanan swasta sing teyeng mungkasi gawean. Ujung-ujunge banjur runtah nggo proyekan.
Cara jaile inyong, runtah nguja kon mambu supaya dadi ana proyek. Merga neng kono uga ana peluang penghasilan liyane.
Penulis: Rangga Sujali