Basa nudhuhna ciri-wancine wangsa utawa kaum. Ana 720 lewih basa neng Indoneisa. Beda gonggoman, beda uga basane. Sumpah Pemuda wis dadi sumpahe wong se Indonesia. Dene ngakoni duwe basa siji, Bahasa Indonesia.
Nggugah gumregahe nasionalisme, diwiwiti sekang ngregani maring basane biyung. Ngregani basane biyung diwujudna mawa nganggo basa asli sing gemiyen ana neng papan ngkene.
Banyumasan utawa penginyongan, wis dienggo sepet kuna-lereng. Malah ana literasi sing nudhuhna dene Basa Banyumas dadi induke Basa Wangsa Jawa. Sebaran culture area sekang Banyuwangi tekan Banten.
Tulisan diwaca apa anane. Ora nana sing dilong. “Bapak” diwaca “bapak” dudu “bapa'”. Aksara “a” diwaca “a”, dudu “o” entheng. “Werkudara” diwaca “werkudara” dudu “wekudoro”. “Ngapa” dewaca “ngapa” dudu “ngapak”.
Dudu agi ngaku bener sing banjur ngluputaken liya. Ning akeh ukara sing banjur dadi salah nulise, salah sebanjure, blaine maning dianggep bener. Siki wis langka wong nulis “Sala” merga wis kadhung ditulis “Solo”
Inyong tetep nulis nganggo banyumasan, eh mbok menawa selugut-serambut migunani mengkone. Ndopoka ya tetep banyumasan neng ngendi papan.
Ana mahasiswa sing kuliah neng Jogja, rong wulan neng kana wis bandhekan. Uga ana mahasiswa sing neng Bandung, ora let suwe wis pinter Basa Sundaan. Ning sing kuliah neng Purwakerta, tetep bae nganggo basane dhewek-dhewek. Ndresani maning, malah wonge dhewek isin nganggo Basa Biyunge.
Ya ora papa. Muga-muga ngesuk-ngemben padha kasdu sinau Basa Banyumasan. Basa Penginyongan dudu basa bala dhupakan kaya sing neng tivi. Ning uga basa biyung sing kudu diurmati.
#banyumasan
#sebombonge
#Indonesia_radja
#akucintaIndonesia
(Rangga Sujali)