INDIE BANYUMAS
  • BERANDA
  • BANYUMAS RAYA
  • HUKUM
  • POLITIK
  • EKONOMI
  • DUNIA
  • HUMANIORA
Tidak ada hasil
Lihat semua hasil
INDIE BANYUMAS
Tidak ada hasil
Lihat semua hasil
INDIE BANYUMAS

Akrami

Kamis, 29 April 2021

Umah kayu sing suwe tau nggo pengimpen bareng. Dudu gedhong magrong-magrong, mawa saka guru gedhe neng ngarep kaya istana. Umah cekli tur asri, maneka kembang sekelilinge. Bale ngarep Amba, ana risban lan meja kayu nangka gedhe, nggo pranti jagong loroan. Sewektu-wektu rubung karo anak, angger agi padha kober.

Umah prelambang awak. Ana pandasi sing dadi dhedhasare urip. Sakane kudu kuwat kanggo nyangga butuh penguripan. Ana payon sing nggo ngayomi seisine umah. Pager kanggo nutupi ala-becike umah-umah. Ana jendhela kanggo ndeleng kahanan neng njaba.

Gegaraning wong akrami
Dudu bandha dudu rupa
Amung ati pawitané
Luput pisan kena pisan
Lamun gampang luwih gampang
Lamun angèl, angèl kalangkung
Tan kena tinumbas arta

Kidung Asmaradana, kecrita pawitane wong bebojoan kue dudu merga dunya-brana lan dudu rupa. Pawitane mung ati. Angger wis salah, sebanjure bakal salah. Diarani gampang ya jane gampang. Ning Nek ketemu angel ya bangeting angel. Ora teyeng ketuku mawa duit.

Langka wong sing kepengin pugag-pegat bebojoan. Ning angger kue kudu dilakoni, menungsa titahe ikhtiar. Wis ngupa-daya, wis ndonga becik. Dene jodho, rejeki, Pati kuwe hak preogratife Gusti Allah. Katone ayem-tentrem jebul akeh ruwet-rentenge. Katon gubes paribasan unggal dina, ning jebul bareng jejodhoan ngasi tumekane Pati.

Umah kayu mawa payon seng, uga prelambang. Lemahe tetep neng ngisor. Pager lan pengadeg sekang kayu dudu tembok bata sing sekang lemah. Lemah, bumi tetep neng ngisor kejaba mengko wis neng kuburan. Kiwe, tengen, ngisor, lan ndhuwur kabeh lemah.

Akrami, jejodhoan, antarane menungsa karo menungsa, lan menungsa kelawan bumine. Kabeh kudu selaras, merga angger ora selaras bakal gonjang-ganjing. Geger-genjik selawase Urip.

Mula ana etung becik, sing jane Dudu bab tahyul. Kaki-nini gemiyen tlesih angger kon ngetung dina becik. Kapan lahire, sepite, nikahe, gawe umah, tuku samubarang, tetanduran, tor-toran, lan liya-liyane. Kabeh nganggo pranata mangsa. Merga ana mangsa sing selaras antara menungsa karo bumine.

Siki wis padha ora kanti. Asal bres kapan karepe. Mula angger ana sing ora pas hasile, gari ditiliki etung dinane. Dununge candra sengkala sing marakna ana dina becik lan dina kapesan. Sing kuwe nggawa watek-wancine si jabang bayi.

Inyong cokan ngiri weruh Rama-Biyung. Lara-lapa dilakoni bareng. Nggedhekna bocah sing pitu cacahe. Cinontohan watek semadya lan nrima ing pandum.

Rangga Sujali
Editor tamu indiebanyumas.com

ShareTweetKirimkan
Sebelumnya

Pengendalian Transportasi Pada Masa Idul Fitri, Titik Perbatasan Kebumen Akan Dijaga

Selanjutnya

Ketika Negara Tak Hadir, LSM Jadi Sandaran Rakyat. Kini, Sandaran Itu Rapuh

POPULER BULAN INI

Sekda Banyumas: Pemkab Tunggu Surat Resmi DPRD Soal Tunjangan

Sekda Banyumas Buka Suara soal Polemik Lelang Parkir GOR Satria: Pemenang Bukan Sekadar Penawar Tertinggi

Kamis, 26 Februari 2026

PT Solusi Parkir Nusantara Menang Kerjasama Pengelolaan Parkir GOR Satria Purwokerto

Lelang Parkir GOR Satria: Sanggahan PT AKAS Gugur Hanya Gegara Salah Alamat

Kamis, 26 Februari 2026

Banyumas Raih Sertifikat Menuju Kabupaten Bersih Nasional 2026

Banyumas Raih Sertifikat Menuju Kabupaten Bersih Nasional 2026

Kamis, 26 Februari 2026

TERBARU

Percaya Janji Manis Proyek, Perempuan asal Mersi Rugi Rp280 Juta

Percaya Janji Manis Proyek, Perempuan asal Mersi Rugi Rp280 Juta

Jumat, 15 Mei 2026

Membaca Ulang Soemitronomics: Ekonomi sebagai Arena Pertarungan Nasib Bangsa

Soemitronomics: Antara Kapitalisme Global dan Amanat Konstitusi

Jumat, 15 Mei 2026

Kemenhaj Perketat Pembayaran Dam via Adahi, Jemaah Diimbau Hindari Calo

Kemenhaj Perketat Pembayaran Dam via Adahi, Jemaah Diimbau Hindari Calo

Jumat, 15 Mei 2026

Selanjutnya

Ketika Negara Tak Hadir, LSM Jadi Sandaran Rakyat. Kini, Sandaran Itu Rapuh

Ditemukan Makanan Mengandung Rhodamin di Cilacap, Hasil Pantauan Tim di Pasar-Pasar

Tentang Kami / Redaksi
Pedoman Media Siber / Independensi & Donasi

© 2021 indiebanyumas.com

Tentang Kami / Redaksi / Pedoman Media Siber / Independensi & Donasi

© 2021 indiebanyumas.com
Tidak ada hasil
Lihat semua hasil
  • BERANDA
  • BANYUMAS RAYA
  • HUKUM
  • POLITIK
  • EKONOMI
  • DUNIA
  • HUMANIORA

© 2021 indiebanyumas.com